http://cur.cursors-4u.net/sports/images5/spo590.png

Sabtu, 07 Maret 2015

Sesorah Singkat

Assalamualaikum Wr. Wb

Ingkang kuurmatan Ibu Kepala SMP N 1 Kalasan, ingkang kula hurmati Bapak Ibu guru SMP N 1 Kalasan, para staf karyawan SMP N 1 Kalasan, lan para siswa ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kita ngunjukaken atur puji lan syukur dhumateng gusti ingkang maha asih, amargi sampun maringi rahmat dhateng sedaya sahengga ing wekdal menika kita taksih saged kempal manu ggal ing enjing menika lan saged dherek mangayubagya perpisahan kelas IX wilujeng nir ing sambikala.
Para guru lan siswa kelas IX  sedaya
Salajengipun kula minangka wakil saking siswa kelas IX sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak / ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga kula sakanca saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi-mugi bapak, ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, Amin.
Bapak Ibu guru lan kanca-kanca kelas IX sing kula hurmati
sekedhap malih kula sakanca ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung kawonten kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken bapak/ibu guru.
Kula sakanca nglenggena bilih asring sanget sami damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila, kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing berkah pangestunipun Bapak saha Ibu guru, supados kula sakanca dipunparingi gampil anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.
Ingkang pungkasaning atur, bokbilih wonten klenta-klentung atur kula, saha tindak tanduk kula ingkang kirang nuju prana, saestu kula naming saged nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.


Wabilltofiikwalhidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar